Buscar

Nrimo ing Pandum



Isuk – isuk mruput sak bubare sholat subuh nang mesjid ngono mbah Rubiyem wes jengkar nyiapake keperluane. Senajan pandhelengane wes ra permono, nanging yo isih biso nyapu latar nganti resik raono sing kliwatan barang sak cluwik. Sak rampunge nyapu yo langsung olah – olah adhang sego lan goreng tempe kanggo sarapan sak durunge mangkat ngiderke dodolan ‘torek’ moto lan korek, ugo tempe sing dibunteli nganggo godhong. Mbah Rubiyem pancen saben dinane gawe tempe sing dibunthel godhong gedhang, amarga krasa rasane luwih enak tinimbang tempe sing dibunthel plastik.

Umure wis ngancik wolung puluhan tahun nanging awakke isih jejeg, isih rosa gendhong tenggok  sing abote pirang – pirang kilo mubeng dodolan nganti tekan pasar Prambanan. Ananging mangkono dasare wes wong tuwa, mlakune ora iso cepet  mung  timlik – timlik sak tekane. Tur maneh leh nganggo jarik kanthi mlithit wes kaya Putri Solo, marakake lakune tansoyo rindhik. Wayahe bedhug luhur, Mbah Rubiyem biasane wes bali tekan ngomahe. Ngono kuwi saben dinane ra tau sambat kesel utawa males – malesan, anane mung semangat golek rejeki sisan golek kesihatan. ‘Sanajan aku wes wong tuwa, ananging aku yo isih seneng mlaku – mlaku. Awakke sehat tur yo seneng ketemu sedulur ngendi endi ’, ngono kuwi wangsulane mbah Rubiyem.

Sholat limang wektu terus dilakoni, moco dzikir ra tau lali. Sanajan leh moco donga wes klira – kliru ananging niate pancen amemuji marang gusti kang maringi urip. Donga saben dinane, “Mugo – mugo kabeh anakku dadi wong sukses, dadi uwong sing andhap asor lan tansah eling marang sing kuasa”. “Pripun to mbah resepipun supaya urip tansah seneng lan eling?”, ngoko pitakonane si Tri ing sawijining dino. “Owalah le, urip ki kudu ana limang perkoro. Ana niat, karep, rejo, jangka trus lagi dadi mulyo. Coba lakonono kuwi kabeh mesthi sing kuasa ngijabahi opo sing dikarepke”. Si Tri mung manggut – manggut sajak mbenerake apa sing diomongke mbah Rubiyem kuwi mau.

Pancen yo nyata, anakke mbah Rubiyem ana lima dadi wong sukses kabeh. Ana kang dadi penggedhe sing lungguh nang DPRD Jogja, ana sing dadi dosen tari nang kampus negeri, ana ugo kang dadi polisi sing tugase ing Polsek Prambanan, sing loro iseh kuliah ing Jakarta oleh beasiswa S2 seko salah sawijining perusahaan gedhe. Senajano anak – anakke sukses kabeh, mbah Rubiyem tetep kukuh urip dhewe nang ndeso tanpo ono sing ngancani. Tetep urip sak anane, sak madya ora aneh – aneh, sing penting urip jujur lan setiti ugo ngati – ati ojo nganti gawe lelara marang liyan.

Tangga teparo sakjane wes ngandhani marang mbah Rubiyem, “Mbah, panjenengan menika sampun sepuh. Mbok ya leren, sampun wektunipun panjenengan melu anak, urip seneng diladheni anak. Momong putu lan lenggahan mawon, mboten sah kerja abot - abot”. Dasar mbah Rubiyem rada ngeyel mangkene leh semaur, “Yo ben, rapopo aku urip sengsoro sing penting anak – anakku pada mulyo”. Tanggane sing mau ngandani langsung meneng klakep koyo orong – orong kepidhak, ora bisa muni opo – opo. “Ngene lho. Aku ki manut karo pesenne bopo ibu mbiyen, kepiye – kepiye kudu nunggu omah iki ojo nganti ditinggal ojo nganti didol. Kon terus nang kene seko kuncung nganti gelung”, guneme mbah Rubiyem.

“Uwong saiki daksawang – sawang ki wes padha ora nggathekake omongane wong tua, wis ora bisa nindhakke amanah. Dadi uwong ki kudu patuh lan mirengke marang wong tuwa, kepiyeo wong tuwa ki karepe apik. Nglatih uwong ben do tanggung jawab”, Sambunge mbah Rubiyem. “Semono ugo kae uwong – uwong sing lenggah dadi penggedhe nang Senayan. Wes ora amanah maneh, wes nglanggar perintahe sing kuasa. Opo kae jenenge? Korupsi? Owalah jan, wes jaman edan. Nek ora melu edan ra komanan”. Tutik lan Tari sing ket mau ngrungokake ugo mbenerke, “Inggih mbah”.

“Urip ki tansah prasojo, ngugemi opo wae sing paringake gusti. Mesti satuhu pinuju lan pamuji marang sing gawe urip. Nrima ing pandum. Ojo lali kuwi”, ngono kojahe mbah Rubiyem kanthi mesem. 


*Dengerin tuh kata-kata Simbah :P



0 komentar:

Posting Komentar